Minggu, 20 Februari 2011

Ukara


A.      Ukara Lan Pangudhalipun

Ingkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang.
A. Péranganipun ukara:
Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan wasésa.
Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi.
katrangan.

Warni warnining katrangan :
a. Katrangan lésan kang nandang (pelengkap penderita).
b. Katrangan lésan kang pinarih (pelengkap penyerta).
c. Katrangan lésan kang tumindak (pelengkap pelaku).
d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhèk wingi.
e. Katrangan panggènan: ing kono, ngomah, ing pasar.
f. Katrangan kaanan (kawontenan): kanggé nerangaken
    wasésanipun – banget, cetha, kepénak.

Tulada Ngudhal Ukara Miturut Kalinggihanipun (Kalungguhané).
    a. Kucing iku | mangan | tikus |
           1                 2           3
       1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
   
    b. Simbok | nukokaké | layangan | adiku |
              1                2               3              4
        1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang,
        4. lésan kang tumindak
   
    c. Aku | diwènèhi | dhuwit | mbakyu |
          1           2              3              4
       1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang,
       4. lésan kang tumindak

    d. Suk embèn | bapak | arep | mundhutaké | klambi | aku |
                 1            2          3            4                5        6
        menyang Sala |
                  7
       1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan mangsa,
       4. wasésa, 5. lésan kang nandang, 6. lésan kang pinurih,
       7. katrangan  panggonan
   
    e. Gunung iku | dhuwur | banget |
        1                  2           3
  1. jejer, 2. wasésa, 3. katrangan kahanan

f. Si Ali | mangané | ademenakaké |
       1             2                     3
   1. jejer, 2. wasésa, 3. ktrangan wasésa

g. Omahé | bapak | arep | didol | suk embèn |
        1           2         3        4              5
   1. jejer, 2. katrangan jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wasésa,
   5. katrangan mangsa.
h. Sayak | abang kaé | reged | banget |
        1                2           3           4
   1. sayak, 2. katrangan jejer, 3. wasésa,
   4. katrangan kahanan

B. Warni warnining Ukara.
1. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten:
   a. Ukara genep (ukara lamba).
  
b. Ukara boten genep (ukara gothang).
   c. Ukara rangkep (ukara majemuk).
   1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan
       wasésanipun, sok ugi wonten katranganipun.
       Tuladha:
       - Saidi mlaku
       - Bocah nakal kaé dolan mrénê.
    2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kapérang:
        a. gothang jejeripun.
            - rénéya sedhéla baé !
            - Tukokna rokok !
        b. gothang wasésanipun:
            - Sajaké Simin !
            - Dudu Adiku !
       c. gothang jejer lan wasésanipun:
           - Kala wingi !
           - isih loro !
          
- Ora !
   3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang  kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung.
       Ukara rangkep kapérang malih:
       a. Ukara rangkep sadrajad
           Tuladha:
           - Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
           - Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
           - Sepisan dhèwèké sregep, ping pindhoné pancèn pinter.
      b. Ukara rangkep raketan.
          Tuladha:
          - Simbok menyang pasar, déné aku kon tunggu warung.
          - Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti, simbok kang
            ngolah.
          - Dhèk wingi pité isih ditunggangi, dhèk mau wis
            dicolong uwong.
      c. Ukara rangkep tundha.
          Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning  ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).
     Gatra wonten pinten – pinten warni:
     a. gatra jejer:
         ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
         Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba).
         Wong kang mulang | aku | ndukani aku |
                     1                    2              3
         1. gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang

     b. gatra wasésa:
         ukara ingkang dados gegentosing wasésa.
         Panjaluké .. .. , dituruti (ukara lamba).
         Panjaluké | aku sregep sinau |
               1                      2
        1. jejer,     | 2. gatra wasésa   |
    
    c. gatra lésan:
        ukara ingkang dados gegentosing lésan.
        Aku ngleksanani panjaluké (ukara lamba).
        Aku ngleksanani | apa | kang dikarepaké |
                     1               2                    3
        1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra lésan
 
    d. gatra katrangan:
        ukara ingkang dados gegentosing katrangan.
        Simin arep mulih sésuk (ukara lamba).
        Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala
                    1                        2                          3
        1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra katrangan

    Caranipun Ngudhal:
     Simin arep mulih, menawa aku wis bali saka Sala.
     Simin  = jejer
     arep mulih = wasésa
     arep  = katrangan mangsa
     menawa aku bali saka Sala = gatra katrangan
     menawa  = katrangan sarat
     aku  = jejer gatra katrangan
     wis  = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan
     bali  = wasésa
     saka Sala = katrangan panggènan gatra katrangan.
C.  Ukara Miturut Suraosipun.

Miturut suraosipun ukara kapérang:
a. ukara carios (carita)
b. ukara pitakèn
c. ukara pakèn (pakon)
d. ukara pangajak
e. ukara panjaluk (panedha)
f. ukara pangajeng ajeng (pangarep arep)
g. ukara prajanji
h. ukara upami (umpama)
Déné tuladanipun supados damel piyambak.
D. Ukara Miturut Kawontenanipun Jejer Wasésa lan Lésan.

      Ukara Kapérang:
a. Ukara tanduk (kalimat aktif).
    Tetengeripun ukara tanduk menawi wasésanipun angsal ater ater anuswara lan jejeripun nindakaké wasésa.
    - Simin mangan
    - Ali nggambar.

b. Ukara tanggap (kalimat pasif).
    Tetengeripun ukara tanggap wasésanipun angsal ater ater:  “dak”,  “ko”, “di”, “ko”, lan seselan “in”.
    Déné jejeripun nandang wasésanipun.
    - Sapiné wis diedol
    - Dhuwité arep dakjaluk.

c. Ukara nominal.
    Ukara nominal inggih punika ukara ingkang wasésanipun
    sanès tembung kriya, nanging tembung: aran, wilangan,
    kaanan.
    - Gunung iku dhuwur
    - Pitikku putih mulus
    - klambiku nem iji, lan sapanunggilanipun.

D. Panyilahing Tembung (Jinising Tembung)
1. Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca.
a. Tembung Kriya (Verb);
    sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan:
    nulis, mucal, nyawang, lan sapanunggilanipun.
b. Tembung Aran (Substantive);
    sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud
    utawi ingkang dipun anggep maujud (abstrak):
    buku, kursi, angin, sétan, kapinteran, ngèlmu, lan
    sapanunggilipun.
c. Tembung Kawontenan (kaanan = ajective);
    sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang:
    gedhê, dawa, ireng, kumaki, merdika, lan sapanunggilipun.
d. Tembung Katrangan (Adverb);
    sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya:
    mesthi, mau, banget, mbokmenawa
, lan sapanunggilipun.
e. Tembung Sesulih (pronoun):
    sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud: punika kapérang dados 5
    golongan:
    1). Tembung Purusa (tiyang): aku, kowé, dhèwèké, anu, banget, mbokmenawa, lsp.
    2). Tembung Darbé: ku, mu, e,
    3). Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kaé, kuwi, punika.
    4). Tembung Pitakèn: sapa, apa, endi, ngendi, kepriyé, lan sapanunggilipun.
    5) Tembung Panggandhèg: kang, sing, ding.
f. Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral :
    - siji, loro, sapisan, saméne, sawatara, lan sapanunggilipun.
g. Tembung Panggandhèng (conjunction):
    Tembung ingkang kanggé nggandhèng ukara utawi tembung:
    lan, sarta, tur, kathik, mulané, sarèhné, lan sapanunggilipun.
h. Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun.
i. Tembung dunung (preposition):
    Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang:
    ing, ngarep, mburi, menyang, déning, lan sapanunggilipun.
j. Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru:
    Tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat:
    lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.

E. Tuladha Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung.
     Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasésa, lésan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun. Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa.
     Tuladha ukara.
     - Mau ésuk aku ketekanan tamu saka Sragèn.
Miturut lenggahing tembung:
aku                         = jejer
katekanan               = wasésa
tamu                       = lésan kang tumindak
mau ésuk                = katrangan mangsa
saka Sragèn            = katrangan panggonan

Miturut Jinising Tembung:
mau ésuk                = tembung katrangan wayah
aku                         = sesulih
katekanan              = kriya
tamu                       = tembung aran
saka                       = tembung dunung
Sragèn                   = tembung aran.
Miturut Pandapuking Tembung:
mau ésuk                = tembung jamboran
aku                         = lingga
katekanan              = lingganipun teka angsal ater ater ke lan panambang an, kalebet tanggap ka
                                  i-kriya.
tamu, saka, Sragèn = tembung lingga.
Tuladha malih :
- Bocah cilik, adiné Mariyem iku, nukokaké jeruk adiku.
Miturut jinising tembung:
bocah                     = tembung aran
cilik                        = tembung kaanan
adiné                      = tembung aran
Mariyem                 = tembung aran
iku                          = tembung sesulih
nukokaké               = tembung kriya mawa lésan
adiku                      = tembung aran.
Miturut Lenggahing Tembung;
bocah cilik              = jejer
adiné Mariyem iku = katrangan jejer
nukokaké                = wasésa
jeruk                       = lésan kang nandang
adiku                      = lésan kang pinurih.
Miturut Pandapuking Tembung:
bocah cilik            = tembung jamboran
adiné Mariyem      = tembung jamboran
iku                         = lingga
nukokaké               = n + tuku + aké + tanduk ké kriya
jeruk                       = tembung lingga
adiku                      = tembung andhahan: adi + ku
adiné                      = tembung andhahan: adi + é.
F. Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin
1. Panganggènipun Aksara Ageng:
    a. Kanggé nyerat irah - irahan (bab).
    b
. Aksara ing wiwitaning ukara.
    c. Kanggé nyerat nama mandiri.
        Upami: Musi, Paimin, Ciamis. pasopati, lan sapanunggilipun.
    d. Cekakan, upami: ABRI.
    e. Ingkang kaanggep wigatos: Ingkang Maha Wikan.
        ....... badhé leladi dumateng Nusa, Bangsa, lan Agama.
2. Ingkang Adaan Sanget Panyeratipun:
    a. Ponorogo          leresipun: Panaraga
        sopunika
            leresipun: sapunika
       Bongsa
               leresipun: bangsa
    b. Sepélé    -  mréné   -    gègèr     -    kètèl   -     kabèh
       Swanten "é" lan ‘è" kedah kaserat mawi "e" lan pratandha layar nginggilipun.
   c. Kuthuk    -    dhuwur    -   kathok  -     kodhok
      Aksara t kaserat dados "th",  Aksara d kaserat dados "dh"
  d. kluwak   -   luwak   -   kuwat   -   kowat
      Swanten "u" utawi "o" kasusul ing swanten "a" kedah mawi aksara manda.
  e. sekalian  -    kadang kadéyan  -    liyané    -  sampéyan
      Pindahipun swanten "i" utawi "é" dhateng swanten "a" mawi
      aksara manda swara  "y".
G. Unggah Ungguhing Basa
1. Katrangan:
     Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten
tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten utawi boten matis. Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun): maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun ing basa kasar. Antawisipun laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak -
cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun. Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé  katerangaken ing wingking. Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.

2. Jinise Unggah ungguhing Basa.
    a. Basa Ngoko.
        Basa ngoko, kapérang:
        1. Ngoko Lugu,
            wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya, dipun ginakaken.
            1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
            2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
            3. Manawi pinuju ngunandika.
            4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).
        2. Ngoko Andhap Antya Basa, wujudipun: ngoko, krama inggil, dipun ginakaken:
            1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
            2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
            Tuladha:
            - Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi?
       3. Ngoko Andhap Basa Antya,
          wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.dipun ginakaken: antya - basa.
          Tuladha:
          - Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku.
   b. Basa Madya:
       Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
       Tuladha Basa Madya:
       - nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun,  samang dika, lsp.
       Basa Madya Kapérang:
       1. Madya Ngoko, wujudipun ngoko, madya.
           Tuladha:
           - Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada  murah.
      2. Madya - Krama, wujudipun: Madya kaliyan krama.
          Tuladha:
          - Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten  kok diwastani awon.
     3. Madya Antara, wujudipun: Madya krama, krama inggil. dipun ginakaken:
         a). Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
         b). Garwa priyantun.
         c). Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
             Tuladha:
             - Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken.
    c
. Basa Krama,
         Basa Krama kapérang:
         1. Kramantara, wujudipun krama thok krama lagu,
dipun ginakaken:
             a). Kanca kanca ingkang déréng kulina.
             b). Wonten buku buku karangan (wucalan).
                 Tuladha:
                  - Nuju satunggiling dinten Kancil saweg mlampah mlampah ing sapinggiring lèpèn.
         2. Muda Krama,  wujudipun: Krama lan krama inggil. Basa Muda krama  basa ingkang saé lan alus piyambak.
             Ingkang ngginakaken:
            a). Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
            b). Murid dhateng gurunipun.
            c). Priyantun kaliyan priyantun.
 Tuladha:
 - Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur  kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten  Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak.
       3. Krama Inggil,
           wujudipun: Muda krama, namung tembung:
           mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem. dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
           Tuladha:
           - Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi  anakipun dalem saweg sakit.
    
4. Wreda krama,
         wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
         Tuladha:
         - Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané.
           "di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
     5. Krama désa,
         Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang       maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
         Tuladha:
         - jaran, kramanipun kapal dados kepel.
         - dhuwit,
 kramanipun arta dados yatra
         - tuwa,
kramanipun sepuh dados sepah
         - belo, 
kramanipun dados belet
         - dhelé, 
kramanipun dados dhekeman
         - Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn
    d. Basa Kedhaton,
        Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
        Tuladha:
        - manira = aku
        - pakènira = kowé
        - enggah = inggih
        - darbé = duwé
        - boya = ora
        - besaos = bae
    e. Basa Kasar,
        Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
        Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken. mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.
   Cathetan:
   Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori,
   kirang praktis.
   Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi
   basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar